Bakul Kojek Anyaran ( Drama bahasa Kudusan)

Wis ono pirang-pirang dino iki Sarno ora tau mangkat mbogawe, sajake deweke lagi ono masalah karo gaweane mung Sarno ara tau crito-crito marang bojone Warti. Aben esuk Sarno mung ndekekas-ndekekes ning lincak ngisor wit kluweh ning wetan omahe. Warti : ” Ono opo tah Pak…kok awakem pirang-pirang dino ora mangkat mbogawe…?” pitakone Warti marang bojone. Sarno : “orak enek opo-opo ….mung lagi wegah…….ae….mbogawe … gak bar-bar…” Warti : ” Wegah kepriye tah Pak……wong mbogawe kok wegah….lah njur piye iki , sediluk neh cah-cah wis meh unggah-unggahan ..loh Pak….butuh duit akeh…nek jur awakmu wegah…..trus kepiye iki….” Sarno : “Walaaah..bune…..mbok ben….kan yo Jokowi wis janji arep wek’i Kartu Indonesia Pinter……ben wae cah-cah sekolahe gratis……wis rasah dipikir..” Warti : ” O….alah…pak-ne pak ne……gek pepriye tah…….njuk sekolah ..kuwi ora mung butuh mbayar SPP...