Katresnan Tukang Becak lan Pengamen

" Jeng...! , wengi iki wis pitung dina olehmu wangsul madhep marang Gusti. Sepurane ya Jeng , aku ora isa nganake tahlilan kaya adat wong liya-liyane yen kesripahan. Ora merga aku ora percaya utawa nyalahi adat wong Jawa Jeng. Dongaku kanggo sliramu ora tau leren, aku mung isa tahlil dewean Jeng. Amarga pirang-pirang ndino aku ora narik becak sak wise nguburke sliramu. Rasa kelangan lan ganjelan ning atiku durung isa ilang. Pasuryanmu ngintil ning mripatku. Piye aku arep narik becak nek koyo ngono kuwi. Sepurane Jeng..!, aku ora duwe celengan babar pisan kanggo nganake berkat tahlilan ngundang tangga teparo ". Guneme Parmin dewean ning jero kamar sing uga dadi ruang tamune, sak wise rampung donga lan tahlil dewe kanggo Nini Sekar Arum, bojo sirine kang tinggal donya seminggu kepungkur. Kanggo Parmin, Nini Sekar Arum kaya lintang gemebyar tah utawa artis kang paling top, sanajan Nini Sekar Arum mung Pengamen tua. Sing mangkal ning ngarep Warung Dahar ning platara...